Majalah ini terdapat beberapa artikel. Sawise UN Diilangi Guru Luwih Mandhiri (hal.4-5), ringkese yaiku: Metode wulangan anyar bisa dikembangake amrih cocog karo kompetensi sing lagi sinau bocah-bocah sekolah. Pambudiya kanggo ngundhakake semangat mardika, lan nikelake kompetensi mulang ing sekolah uga kudu entuk kawigaten saka pemerintah lan organisasi profesi guru sing ana. Aja nganti dumadi sawise diwenehi kamardikan, guru-guru isih rumangsa bingung anggone nindaake tugas utamane ngelola pendhidhikan ing sekolah.
Nganggo Blangkon Kudu Bisa Nata Ati Lan Pakarti (hal.10-11), ringkese yaiku: Blangkon nyata tilarane leluhur sing wujud aksesori busana. Sing nganggo balngkon becike ngerteni piwulang falsafah Jawa kang sinandhi. Saora-orane wong sing wis gelem nagnggo blangkon becik lamun ajar ngendhaleni dhiri. Tutur lan pakartine kudune tansah gawe renaatine liyan. Aksesori busana pancen ana gandheng cenenge karo identitas. Blangkon nuduhake jati dhirine wong Jawa sing bisa ngendhaleni dhiri, lan ora seneng ngumbar napsu, landhep wicarane lan gawe onar ninggali tatu kanggo wong liya.
Ndhudhah Budaya Lokal Lumantar Komik (hal.14-15), ringkese yaiku: Kanggo gawe komik Nusantara dudu prakara gampang. Sweta kudu nganakake panaliten lelandhesan marang pustaka sing ana. Kadhangkala kudu mudhun lapangan, saprelu nindakake observasi apadene wawancara karo para paraga budaya. Kanthi ancas budaya Nusantara sing dilebokke sajrone komik ora nyimpang.
Solahe Penarine Kaya Kena Senthe lan Rawe (hal.18-19), ringkese yaiku: Kesenian Jaranan Sentherewe iki padatan dimainake penari cacah enem, nggambarake punggawa kerajaan lagi nunggang jaran jroning nindaake tugas ngawal rajane. Tarian kasebut diiringi karo gamelan aran kethuk, kenong, kempul, gong suwukan, trompet, kendhang lan angklung.
Para Dhukun Deklarasi Organisasi Akeh Sing Alergi Marang Perdukunan (hal.46-47), ringkese yaiku: Dhukun asring digayutake karo bab mistik, klenik, lan kadhangkala cengkah karo agama. Nanging kanggo sawetara golongan, dhukun dibutuhake murih gegayuhane kasembadan, karana tangeh yen digayuh nganggo cara wantahan. Mulo profesi dhukun engga seprene isih ana karana ana sing mbutuhake.