Jaya Baya, No. 23, Minggu I Pebruari 2021

[vc_row][vc_column][vc_single_image image=”15637″ img_size=”medium” alignment=”center” css_animation=”rotateInDownRight”][/vc_column][/vc_row][vc_row][vc_column][vc_column_text]Majalah ini terdiri dari beberapa artikel. Jeneng Kampunge Manut Pakaryane (hal.4-5), ringkese yaiku: Minangka panguwasa, ratu darbe para abdi kang akeh cacahe. Kabeh duwe ayahan lan tanggung jawab dhewe-dhewe. Mula para abdi mau banjur kagolong-golongake lan ditata miturut pagawean-pagawean kang dadi ayahane. Ana golongan parentah abdidalem kanca hinggil, kanca bedhaya, kanca pamethakan, kanca kriya lsp.

Para Sarjan Eropa Miwiti Yasa Wewatoning Pamarsudi (hal.6-7), ringkese yaiku: para sarjana bangsa Eropa banjur padha duwe pamawas, menawa pangudi basa sarta kasusastran Jawa iku murih bisa prayoga diwiwiti saka sinau marang tembang. Kawi luwih dhisik, sarta marsudi marang serat-serat sing isih mugunake tembung Kawi.

Jemblung Murih Lestari, Gawe Owah-Owahan (Hal.14-15), ringkese yaiku: Jemblung ing jaman kawuri dadi pirantine para wali nggiyarake agama Islam ing Tanah Jawa. Katitik saka crita tuture jemblung meh kabeh crita tutur saka Timur Tengah (Persia, Mesir lan liya-liyane). Crita Umar Amir, Hikayat Amir Hamzah. Wali Sanga, lan ana maneh crita tutur sing dianggit dhewe dening dhalang jemblung. Isine tutur bab piwulang agama lan moral.

Ki Wardono Wayang Jekdong Isih Lestari Ing Jawa Timur (hal.26-27), ringkese yaiku: Kesenian tradisional ing Jawa Timur sih isih lestari lan ngrembaka sakliyane ludruk yakuwi wayang kulit gaya Jawa Timuran sing disebut jekdong. Tokoh lan sesepuh dhalang jekdong Ki Wardono duwe pamikiran yen masyarakat Jawa Timur isih dhemen nanggap wayang kanggo maneka keperluan.

Langgar Ayem, Nyimpen Crita Sedhih Jaman Jepang (hal.46-47), ringkese yaiku: Akeh tinemu bekas bangunan jaman Jepang kang sumebar ing bumi Nuswantara. Ana sing isih wutuh uga ana sing wis bongkor. Kaya langgar kang dumunung ing protelon Desa Jemekan, Kecamatan Ringinrejo, Kabupaten Kediri. Warga kono nyebut Langgar Ayem.
[/vc_column_text][/vc_column][/vc_row]